Saturday, November 24, 2012

Ramalan bintang ala PAIMO

Jumlah posting: 22
Points: 50
Reputation: 2
Join date: 20.10.12
Age: 31
Lokasi: Surabaya
- SCORPIO : minggu iki suasanane lumayan apik digawe ngetokno inspirasi.
Asmara : ojo wedi ngomong opo seng ono nang atimu digawe de'e.

- LIBRA : ojo gampang putus asa karo ragu.
Asmara : kesempatan gawe awakmu digawe memperbaiki hubungan karo de'e.

- VIRGO : kemajuan sek angel dicapai, soale minggu iki bakalan oleh cobaan maneh teko njoboh.
Asmara : sek tetep iso mesr...
a masio ono seng ganjel nang ati.

- LEO : sak angel-angel'e persoalanmu nang minggu iki, koen kudu tetep ulet karo yakin cek iso nemukno solusine.
Asmara : minggu iki apik digawe metu bareng, tapi yo ngono kudu eroh batas karo etika.

- CANCER : lek katene melangkah maju jokok peruntungan nang minggu iki, lek iso ditunda disek soale rodok elek sitik peluange.
Asmara : ojo terlalu keras karo kasar nang de'e, soale de'e bakalan mlayu ninggalno koen kapan ae.

- GEMINI : peruntunganmu apik minggu iki, tapi yo ngono ojo grusa-grusu karo ojo gampang berspekulasi.
Asmara : ono cekcok lambe sitik, tapi lek gak cepet diatasi iso-iso bakalan ganggu hubunganmu.

- TAURUS : masio masalahmu akeh minggu iki, tapi lek koen yakin bakalan iso ngatasi iku kabeh.
Asmara : kudu iso njogo perasaan'e de'e, kudu tetep iso mesem masio ati jengkel.

- ARIES : gawe minggu iki koen bakalan ono nang ndukur, soale bakalan akeh uwong seng simpati karo percoyo karo kapabilitasmu.
Asmara : lek iso kudu ngekek'i kebebasan nang de'e, soale iso garai roso sayange semakin ceket nang koen.

- PISCES : ngeroso jenuh gara-gara kerjoan numpuk iso garai koen terpuruk.
Asmara : sek lumayan mesra, tapi lek kadong selisih pendapat sek angel gawe golek dalan tengah'e.

- AQUARIUS : gak perlu cemas, soale kabeh rencanamu bakalan lancar gawe minggu iki.
Asmara : sek tetep ngungkit-ngungkit masalah cilik karo de'e, seng sakjane gak perlu dilebokno ati.

- CAPRICORN : akeh cobaan seng moro-moro teko nang minggu iki, hadapi karo tenang ae cek iso cepet teratasi.
Asmara : positive thingking iso garai hubungan tenang, karo adoh teko saling kecurigaan.

- SAGITARIUS : lagi kurang ono kecocokan karo uwong sekitarmu, lek iso kudu cepet adaptasi.
Asmara : pokok'e lek koen iso garai atine seneng, de'e gak bakalan mlayu nang uwong liyo.


View the original article here

No comments:

Post a Comment